OSIKU

Berbagi Artikel Materi Pelajaran (SD, SMP, SMK), Pramuka dan Artikel Menarik Lainnya

5/09/2018

Pengertian Cerkak, Ciri-Ciri Cerkak, Unsur -Unsur Cerkak, Lan Nilai-Nilai Ing Cerkak

Pengertian cerkak - Cerkak utawa cerita cerkak secara umum adalah cerita sing fiktif (ora benenr-bener kedadeyan), nanging bisa kedadeyan  neng ngendi bae lan kapan bae, kurang sekang 10.000 tembung utawi 5.000 tembung sing aweh kesan tunggal lan  tokoeh neng sajrong kahanan utawa sawijining wektu. Cerkak dalam bahasa sering disebut cerita pendek. Nengisor kie pengertian cerkak minurut para ahli. Langsung bae simak materi pengertian cerkak nang ngisor kiye.

Pengertian Cerkak, Ciri-Ciri Cerkak, Unsur -Unsur Cerkak, Lan Nilai-Nilai Ing Cerkak
Materi Cerkak Mapel Bahasa Jawa

1. Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI)Pengertian cerkak - Minurut KBBI cerita tegese tuturan sing jlentrehaken kepiwe kedadeyane sawijining bab atau masalah, dene cerkak tegese ora dawa (kurang sekang 10.000 tembung) sing aweh kesa tunggal sing dominan lan musataken neng salah sawijining tokoh neng sajroning kahanan utawa sawiining wektu (1998 : 165).

2.Susanto teng salebeting Tarigan 
Pengertian cerkak - Minurut Susanto cerita cerkak iku cerita sing dawane sekitar 5.000 tembung utawa kira-kira 17 kaca kuarto spasi loro sing terpusat lan lengkap neng awakke dhewek (1984 : 176).

3.Sumardjo lan Saini
Pengertian cerkak - Minurut Sumardjo lan Saini cerita cerkak yakuwe cerita sing fiktif (ora temenana/ora kedadeyan), nanging bisa kedadeyen neng ngendhi bae lan kapan bae, karoo biasane critane cekak.

Sekang pirang-pirang panemu  neng ndhuwur bisa dijiot dudutan, Pengertian cerkak utawi cerita cerkak yakuwe tulisan/karangan sing ngandhut pitutur, nduweni sifat fiktif sing nyeritakaken kedadeyan neng sajroning uripe tokoh, ceritane relatif cekak nanging padhet.
.
Ciri-ciri cerita cerkak sing wis mesti  yakuwe :
- Ceritane cerkak.
- Dhuweni sifat fiktif/rekaan.
- Sipate naratif.
- Dhuweni kesan tunggal.
- Basane landhep atau tajam, sugestif lan narik kawigaten

Unsur-unsur sing ana neng cerkak. Cerkak di bangun sekang 2 unsur, yakuwe unsur instrinsik lan unsur intrinsik.
Unsur ekstrinsik cerkak yakuwe unsur sing mbangun  sekan njaba, kaya alesaning digawene cerita, sejarah, biografine si pengarang lan liya-liyane.
unsur intrinsik cerkak yakuwe unsur sing mbangun sekang njero kaya tema, alur, penokohan, latar, sudut pandang, amanat, lan basa fifuratif.

Nilai-nilai ing cerkak. Nalika kita maca cerkak utawa karya sastra liyane, kita saget nggoleti nilai-nilai sing kakandhut neng sajroning cerita cerkak. Nilai-nilai neng sawijining karya sastra kurang lewieh ana 5 yaiku:

1. Nilai sosial
Diarani ngandhut nilai sosial  menawa neng cerita cerkak kuwe ana interaksi utawa hubungan antara tokoh siji karo tokoh liyane (tokoeh omong-omongan).

2. Nilai agama
Cerita cerkak ngandhut nilai agama menawa neng cerita cerkak kuwe ana ajakan maring sing maa utawa tokoh neng sajroning cerita kanggo ningkataken utawi nggindhakake imane.

3. Nilai moral
Nilai moral bisa dideleng  sakang tindhak-tandhuk tokoeh. Diarani ngandhut nilai moral menawa neng cerita cerkak kuwe ana ewah-wahan tindhak-tandhuk tokoeh sekan ora apik dadi apik sing wis apik tambah apik. Utawa ngandhut ajaran moral kanggo tokoh neng sajroning cerita cerkak lan kanggo sin maca.

4. Nilai pendidikan
Cerita cerkak ngandhut nilai pendidikan menawa ana ewah-ewahan pegetahuan tokoh utawa sing maca, sekang ora ngerti dadi ngerti utawa sing ra bisa dadi bisa.

5. Nilai budaya
Nilai budaya cerkak bisa dideleng sekang anggone para tokoh omong-omongan lan nganggo klambi.

Sawijining cerita cerkak ora kabeh ngandhut nilai nang nduwur, nanging ora nutup kemungkinan sekang sawijining cerita cerkak ngandhut kabeh kelima nilai mau utawi salah sijine. Mugi materi pengertian cerkak kie bermanfaat matur nyumun.

Judul : Pengertian Cerkak, Ciri-Ciri Cerkak, Unsur -Unsur Cerkak, Lan Nilai-Nilai Ing Cerkak
Kategori : Bahasa Jawa

Bagi pembaca website ini, setelah membaca artikel, silahkan berikan saran dalam bentuk COMENT sesuai isi artikel diatas

 
Back To Top